GeguritanSiyen ana, wanita mulya
Gedhe tekade, gedhe baktine
Urip nelangsa, nistha papa
Kuwasane jaman Walanda
Niat sajroning ati, kanggo para siwi
Anggugah pendidikan, Negara kita sing dienggo dolanan
Eee... Lhadalah
Kahanane wanita jaman saiki
Dipoles agunging teknologi
Tata trapsilane ilang mili
Budi pekerti luhur
Ilang digawa angin mabur
Arane nganggo busana
Nanging tansaya katon uda
Apa maknane endah palupi?
Yen pocapan ala mancep ing lathi
Wadhuh biyung...
Created by : Fitria Rizky Sutrisna
0 komentar:
Posting Komentar